Jumat, 26 Maret 2021

Protokol Kesehatan Cara Jawa

Protokol kesehatan cara Jawa: Anget-anget wedang jae Kepingin slamet nang omah wae _________________ Jadah asale saka ketan Mlebu omah wisuh tangan _________________ Rujakan nganggo timun Wisuh tangan nganggo sabun _________________ Roti bakar wedang kopi Bali pasar ganti klambi _________________ Ngati-ati nyandhung blarak Aja lali njaga jarak. ________________ Yen tuku beras kudu ditaker yen pengen waras nganggo masker _________________ Tansah ndonga lan aja mangkir Mugiya Corona enggal sumingkir